Jumat, 15 April 2016

MANTRA PERSEMBAHAN DOA PUJA DEWA GANESHA




 MANTRA PERSEMBAHAN DOA PUJA DEWA GANESHA

Perkenankan hamba membacakan kidung suci kepada perwujudanMu Yang Maha Agung ini…

Om Awighnamastu Namo Siddham
Puja puji astuti konjuk ngarsaning Hyang Widdhi Gusti Ingkang Maha Suci ingkang sampun peparing nugraha dhumateng kita sami.
Ing wekdal menika keparenga kawula ngaturaken puja bhakti dhumateng SANG HYANG GANAPATI kanthi lumantar kidung suci.

Engkau yang berkepala gajah, yang dilayani dan dipuja oleh para Bhutagana.
Engkau yang menyukai buah – buahan. Engkau putra dari dewi Uma, yang menghancurkan segala pederitaan. Oh dewa Ganesha, sembah sujud kami dibawah kaki padma-Mu
Duh paduka Sang Hyang Ganesha, Dewa ingkang masarira janma, asesirah gajah, ingkang kapuja dening para Balagana.
Duh paduka Sang Uma Atmaja, paduka minangka Sang Winayaka, ingkang nyirnakaken sarwa papa, sarwa klesa.

Duh Pakulun sang Ganapati, sembah bhakti kawula katur ri sahandhap pepada paduka.
Dewa Ganesha, yang bebusana putih suci, yang meresapi segalanya, yang berwarna bagai warna bulan, yang berlengan empat, dengan paras muka yang selalu tersenyum indah, kepada Engkau kami bermeditasi untuk menghancurkan dan menghalau segala rintangan.
Duh Gajamukha, ingkang abhusana sarwa sweta, ingkang anglimputi saliring gesang, ingkang arupa pindha Sang Hyang Candra, acatur bhuja, kanthi parasing rupa tansah eseming wadana, naming dhumateng paduka kawula manembah, mugya paduka angentasaken jagat saking sarwa mala sarwa wighna, sedaya pepalang bisa ilang, sedaya rubeda bakal sirna.

O, dewa GANESHA, yang berbelalai bengkok dan berbadan besar, yang bersinar bagaikan ribuan matahari, yang menghancurkan segala rintangan, dan menganugrahkan segala keberhasilan, berkatilah kami.
Dhuh Sang Hyang Wighneswara, paduka sang Eka Dantya, adirgha trisma, mawak pindha prabhata, sumunar kadya sahasra surya, ingkang nyirnakaken salwiring sambikala, lan ingkang tansah peparing siddhi siddhaning karya, mugya lumuntura sedaya berkah paduka ing kawula dasih.

Engkau yang memiliki tikus sebagai wahana
Engkau yang selalu menyimpan manisan
Engkau yang memiliki telinga bagaikan kipas
Engkau yang mempunyai hiasan bagaikan rantai di pinggang-Mu

Dhuh paduka ingkang awadya wêga, ingkang tansah amadukara, paduka ingkang ataligan patra pindha tepas, Paduka ingkang mabhusana sarwa manik ambandana saindhenging padharan paduka
Engkau yang berpostur pendek
Engkau adalah putra dari dewa Siva

O, dewa GANESHA, yang adalah semua itu, yang menghancurkan segala rintangan, kami memuja kaki padma-Mu
Dhuh paduka ingkang agêm raga, Paduka minangka Sang Guru Putra. Dhuh Bhatara Gana, punjering prajnan sumbering kawruh, ingkang saged ngentasaken titah saking sedaya dredah, kawula ngaturaken puja ri sahandhap ing padma pada paduka.


MANTRA PERSEMBAHAN DOA PUJA DEWA GANESHA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MANTRA PERSEMBAHAN DOA PUJA DEWA GANESHA
KIDUNG INDAH PUJA SUCI SRI GANAPATI
http://sanghyangganapati.blogspot.com